SINOPSIS :
Roman basa jawa : Sakuwise Srengenge Nyumunar . tutuge Begjane Rustam .
Rustam kanoman saka ndesa kang nduweni kaprigelan pijer ubed nggone adang gawe . Yen obah mamah mengkono panemune. Owahing dina owahing srengenge nyumunar, owahan kang tansah diayahi ngetutake kahanan wektu lan kabutuhan.
Rustam, klebu priya kang bagus dedeg piyadege gedhe dhuwur pakulitane nyawo mateng, akeh wanita liyan kang nresnani jalaran mung saka nepsu , ora katresnaning saka ati. Wewadining Rustam ora bisa ngendhaleni melu ngumbar hawa nepsune.
Rustam wiwit eling marang kaluputane lan terus nggedhekake panguripane, upaya kateringe jasan peladenan dedhaharan saya misuwur lan mandireng.
Kabegjan kudu tansah diupakara, kebegjan bisa ilang muspra kagawa angin. Rustam karo kinasihe Nani kang tansah nyengkuyung, mboko sithik bisa duwe omah lan panguripan dhewe kang mandhireng.
Sakuwise srengenge nyumunar Rustam wis dadi wong kang mulya duwe anak bojo kang tansah nresnani. Jasan kateringe saiki dadi jeneng Hotel lan Retorant kondhang.( Kacrita ana sastra jawa irahane Dyah Yutarti Lamarindra ).