Si Cubluk Nggoleti Dalan Padang Panguripan Taline Rasa Raga Jati Sukma Jati
Penulis :Kasanudin
Ukuran : 14 x 21 cm
No. QRCBN : 62-39-2981-9
Terbit : Maret 2022
Harga : Rp 145000
Sinopsis :
Lumampah sakjrone jagat, alam, jaman lan musim, aku jalma titah menungsa urip sing ora pakra lan kurang tata anggone urip. Satemene sakjrone kalbu, ati nuranine jalma titah menungsa urip iku tan ana sing gelem dadi jalma titah menungsa sing elek, jahat, ora sugih lan bodo. Merga kabeh jalma titah menungsa urip iku tansah gelem mbudidaya, usaha nggoleti marang dalan padang, dalan terang, dalan kesucian lan dalan kautaman.
Nanging apa daya lan upayane jalma titah menungsa urip iku amung sederma nampani, nglakoni, nggawa lan nggutulaken marang kahanan panguripan anane kehendak, ketentuan lan kepastiane Sing Kuasa Jagat. Jalma titah menungsa urip amung bisa nerima, sabar, sadar, emut, eling lan waspada marang kahanan panguripan.
Mula, jalma titah menungsa urip tansah bingung anggone nggoleti lan ngetrapaken anane dalan kesucian, kautaman, kesadaran, keikhlasan, kejujuran, pengertian, kebeneran lan kepastiane urip. Merga dalan iku mau nang endi lan kepriwe anggone nggunakaken lan ngetrapaken. Apa kanggo gawe ucapan lan pomongan saben dinane, apa kanggo gawe tingkah polah sipat prilaku, apa kanggo gawe budi pekertine jalma titah menungsa urip. Merga iku kabeh dalan sing kanggo larikan nglakoni marang lelakon panguripan. Sing nduweni landasan lan dasare urip sing kanggo gawe laras, lurus, lerese panguripan. Sing tansah linambaran marang leluhure pambudi, bakal mangerteni marang laku lan lakone urip sakjrone lelampahan panguripan.
Email : guepedia@gmail.com
WA di 081287602508
Happy shopping & reading
Enjoy your day, guys