Kidung Tresna Bocah Angon (Novel Basa Jawa dialek Indramayu)
Penulis : Kusyoto
Ukuran : 14 x 21 cm
No. QRCBN :62-39-8748-938
Terbit : Agustus 2022
Harga : Rp 120000
Sinopsis :
Siji masalah yen diserahaken ning wong sing dudu ahline, malak mandar tinggal nunggu kehancurane.
Laku lampah ipun menusa ning alam dunya ora lepas sing kersane gusti pengeran Allah kang sewiji. Menusa cuman bisa ngerencanakaken namung gusi pengeran Allah sing nyumbadani. Senajan dialang-alangi tombak cucukan yan gusti pengeran Allah wis ngucap ‘Kun’ tamtu ‘Fayakun’ sing dadi barang tentu pasti dadi.
Ora enak ning penggalih, niate Prayoga Dewandaru sing arep dadi kuwu ning pecntilan Sumur Gede kealang genag maju maninge kuwu manten Nyai Endang Pangalira. Sapa bae weruh, sapa Nyai Endang Pangalira sing keceluk muluk kebeja warta wong sugih duya. Lan sing awit bengen turun temurun keluargane wis dadi dinasti kuwu ning pecantilan Sumur Gede.
Mang Danurwenda minangka tim sukses sekaligus guru sepiritual Prayoga Dewadaru ngupai keyakinan ning calon kuwu enom mau supaya percaya diri, semangat, aja ngaku kalah sedurunge perang. Kanggo cara alus Mang Danurwenda bisa ngeykinaken Prayoga Dewandaru supaya terus maju.
Nyai Endang Pangalira sing weruh bahwa Mang Danurwenda ana ning kubune Prayoga Dewandaru rada khawatir, sebab wis pirang-pirang balen keluargae bisa menang cocogan kuwu kerna bantuan batin sing Mang Danurwenda, tapi sekien Mang Danurwenda dukung calo kuwu anyar. Ahire. Kaggo cara licik, ngadang lengere kubu Nyai Endang Pangalira ngutus anak buahe glati dukun sing ampuh kanggo ngelawan Mang Danurwenda. Mang Danurwenda sempet kena teluh uga guna-guna sampe ora sadar pirang-pirang dina namung akhire bisa waras maning berkat bantuan gaib emboke sing alam kelanggengan. Namung nyai Endang Pangalira tetep nunggu lengere Mang Danurwenda uga kuwu anyar Prayoga Dewandaru. Taktik uga rekapendaya licik terus disebar genang kubu Nyai Endang Pangalira
Setelahe Prayoga Dewadaru menang cocogan kuwu. Watek uga sifat blesak kuwu anyar iku katon asline. Masalah pirang-pirang masalah akhire gawe kuwu anyar iku kesindet kasus KPK.
Email : guepedia@gmail.com
WA di 081287602508
Happy shopping & reading
Enjoy your day, guys