Biyen Kuncung Saiki Jambul


Harga : Rp.60,300

Berat : 250 Gram

Penulis : Slamet Sukoyo

Jumlah Pembelian




Penulis : Pak Mett
Hal: 182
ISBN : 978-602-6364-55-5

SINOPSIS :

BIYEN KUNCUNG SAIKI JAMBUL

Hu hu hu hu mbok aku ngelih mbok, hu hu keprungu swara tangis bocah cilik umur pitung taunan, njaluk mangan wis kawit sore wingi durung mangan, wetenge durung kisen.
Iya ngkosik nduk dhiluk maneh kangmasmu mulih, tunggunen sik ya nduk aja nangis semaure mbok Minah wong tuwane Mirah kang lagi nangis ngrengik ora duwe daya wetenge ngelih.
Hu hu hu Mbok, mboke...wetengku lara mbok hu hu
Mbok ! iki mbok aku oleh tela abang-abang mbok bengoke Kuncung bocah umur sewelas taunan anake mbarep mbok Minah mentas mulih seka tegalan.
Nggawa apa kowe le
Iki mbok godhogen mbok siwilan seka tegalan kidul sekolah cina kono
Mas Cung ! nggawa panganan enak kaya wingi ya Mas Cung hik hik takone adhine Kuncung karo isih kemingsek-mingsek.

Kahanan kang ngrekasa wektu semono nalika owahaning jaman kanthi latar mburi tahun 1965 tekan 1970.
Biyen Kuncung Saiki Jambul roman fiktif basa Jawa anggambarake pethilan kedadeyan amerga ananing owahan jaman kang akeh rubede marang bebrayanan.