Penulis : Pak Mett
Hal :112
ISBN : 978-602-6967-55-8
Sinopsis :
Suko penulis novel roman basa jawa seka kutha Suroboyo lagi mulih menyang kutha kelairane. Golek angen-angen ana ngisor wit ringin kurung alun-alun Wonosobo kanggo nyukupi butuhe nggone ngarang nulis carita. Pekolehane malah wuyungan lan kasengsem karo guru SMP kang ora adoh karo alun-alun.
Ora kejarag tepungane karo kenya ayu kuwi ana sepur jurusan Wonosobo-Purwokerto. Kenya asal Purwokerto, asmane Asih.
Dina lingsir gumanti dina, sakloron saya rumaket pasrawungane, padha kayungyungne. Kayungyun kang nrecep nganti tekan pulunging ati.
Ana rubedhaning gegayuhan nggone dha ambina katresnan, seriking liyan gosip murahan tumeka karepben wurung kasmaranane.
Pungkasane Suko penulis kang wis kondhang, wis mulya kacukupan kebutuhane urip, sidane daupan karo Asih kinasihe guru SMP.